<marquee>Pidato Sambutan Walimatul Ursy</marquee> - MEGANTARA FM TUBAN

Latest




Tuesday 29 May 2012

Pidato Sambutan Walimatul Ursy



السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِلا قَدْ قَا لَ فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْم. وَاَنْكِحُوْا اْلاَيَّامَى مِنْكُمْ وَالصَّالِحِيْنَ مِنْ عِبَادِ كُمْ وَإِمَا ئِكُمْ وَإِمَ ئِكُمْ إِنْ يَكُوْنُوْا فُقَرَاءَ يُغْنِيْهِمُ الله مِنْ فَضْلِهِ وَ اللهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّد القائل النّكا حُ سُنَّتِى فَمَنْ أَحَبَّ فِطْرَ تِى فَلْيَتَسَنَّ بِسُنَّتِى وَعلَى اله وَ أَصْحَا به وَمَن والاه امّا بعد

Poro bapak, poro ibu, hadirin sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.
Sakderengipun kulo matur nopo ingkang Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat dateng kito sedoyo, sehinggo kito saget makempal wonten ing meniko majlis, dalam rangka menghadiri undangan walimatul Ursy ing saat meniko.
Poro rawuh ingkang kulo hormati,
Ngawontenaken walimah meniko hukumipun sunah, kranten meniko derek dawuhipun kanjeng Nabi, bilih wonten salah setunggulipun wekdal, sohabat Abdurrohman bin Auf, matur dateng kanjeng Nabi, bilih piyambakipun nglaksanaaken nikah damel maskawin (Mahar) rupi emas sak bobotipun kelungsu kurmo salajengipun kanjeng Nabi ngendiko.
بَارَ كَ الله لَكَ أَوْلِمْ وَلَوْ بِشَاةٍ
Tegesipun kanjeng Nabi donga’aken barokah, lajeng perintah ngawontenaken walimah senajan namun nyembelih maendho setunggal.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Bicoro masalah walimah meniko, weninipun katah. kados ingkang kasebut wonten ing kitab-kitab fiqih. Wonten kala : Walimatul ‘Ursy wonten kalane walimatul khitan, wonten kalane walimatul maulid, wonten kalane walimah ngedekaken griyo utawi boyongan, shoho sanesipun. Dene ingkang paling utami utawi ingkang afdhol inggih meniko “Walimatul ‘Ursy utawi Walimah Manten”
Dene masalah ijabatut-da’wah, utawi dugeni dateng walimah, meniko hukumipun inggih benten-benten. Menawi walimah manten, meniko ingkang dipun undang, wajib ndugeni, selagi wonten majlis walimah manten kolowahu, boten wonten perkawis mungkar utawi maksiat. Lan menawi wonten perkawis maksiat utawi perkawis ingkang nglaraaken manah, meniko boten wajib nekani.
Dene menawi walimah saklintunipun manten, sami ugi walimah khitan utawi maulud, utawi aqiqoh, meniko ndugeni hukumipun sunat. Poro rawuh !, sa’lajengipun, menawi wonten setunggal wekdal meniko wonten undangan kaleh, utawi tigo, meniko ingkang dipun dugeni gedah ingkang langkung parek griyanipun. Dene menawi perekipun, meniko podo ingkang dipun dugeni langkung rumiyin ngundangipun. Hal meniko damel dasar hadisipun kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken deneng Abu Dawut RA
إِذَا إِجْتَمَعَ دَا عِيَانِ فَأَجِبْ أَقْرَبُهَ بَابًا. فَإِنْ سَبَقَ أَحَدُهُمَا فَأَ جِبْ الَّذِي سَبَقَ
Ingkang artosipun :
Menawi kempal tiang ngundang kalih (sareng wekdalipun) moko ingkang dipun dugeni, tiang ingkang langkung parek lawang griyonipun. Menawi salah setunggalipun meniko langkung rumiyin, inggih ingkang langkung rumiyin meniko ingkang dipun dugeni
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kolo wahu kawulo ngaturaken bilih ndugeni dateng undangan walimah manten meniko hukumipun wajib. Benten kaleh dugeni undangan saklintunipun walimah manten, kados dene walimah khitan utawi walimah maulid meniko dugeni hukumipun sunat.

No comments:

Post a Comment